Minggu, 20 Oktober 2013

Bojonegoro Digital Society Launching


Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak Bupati soho ibu ingkang tansah kinormatan,
Bapak-bapak MUSPIKA ingkang kinormatan,
Poro kiai, poro sesepuh soho  poro bapak ibu guru ingkang pituturipun tansah dados ugeman.

Poro bapak, ibu, anak-anak soho sederek sedanten ingkang kawulo hormati.

Wonten dinten ingkang minulyo meniko, monggo kito sakdanten ngunjukaken raos syukur dumateng ngarsanipun Gusti Allah swt ingkang sampun maringi nikmat lan rahmat saenggo ngantos sakmeniko kito sedanten saged  makempal wonten alun-alun Jonegoro mriki  kagem emut-emut dinten ambal warso Bojonegoro ingkang kaping tigang atus tigang ndoso enem.

Perlu sedanten dimangertosi, menawi pemerintah Indonesia ingkang dipimpin Bapak Presiden Susilo Bambang Yudhoyono, maringi jejibahan dumateng TELKOM Indonesia tigang perkawis. Inggih meniko kaping setunggal : dados perusahaan ingkang matoh ngantos tingkat dunia ingkang kecatet wonten pawartos FORTUNE gangsal atus. Ingkang kaping kaleh dados perusahaan ingkah  matoh sahamipun utawi bluechip. Salajengipun ingkang kaping tigo nggelar layanan Indonesia Digital Network sak indenging Nuswantoro.

Kagem ngayahi jejibahan Indonesia Digital Network,  TELKOM nggadahi program IndiSo, ingkang wujudipun  IndiSchool, IndiPreneuer, IndiFinance, kalian IndiGov. Khusus kagem Jonegoro, TELKOM kaliyan Pemerintah Kabupaten Bojonegoro sarujuk mujudaken Bojonegoro Digital Society,  arupi mbangun koneksi internet utawi Connection, mbina komunitas, kalian mbangun isinipun internet utawi Content,  sesarengan ingkang cocok kagem rakyat Jonegoro.  Mugio sedanten kasil dunia sohobakherat. Aamiin.

Poro bapak, ibu soho sederek sedanten ingkang dalem mulyakaken.
TELKOM matur nuwun  sanget dateng rakyat Jonegoro, sakdanten unsur  Jonegoro, kalian pemerintahan Bojonegoro, ingkang sampun napak asmo serat perjanjen kalian TELKOM Jumat kolo wingi. Sedanten ngersakaken maju, TELKOM injih kepingin sedanten maju. Monggo mbangun Jonegoro sareng-sareng.


Mangan wareg lawuhe gereh
Bar mangan leyeh-leyeh,
Bojonegoro Digital Socioety iki kanggo kalangan kabeh,
Internet kanggo rakyat Jonegoro saiki wis ora aneh.


Mugio wonten manfaatipun kagem rakyat Jonegoro soho TELKOM. 

Cekap semanten atur kulo,
Nyuwun ngapunten menawi wonten klenta klentunipun atur kawulo.

Salam Jonegoro Matoh.


Wasssalamualaikum wr wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar